sastra

sastra

MediaMU.COM

Apr 27, 2024
Otomatis
Mode Gelap
Mode Terang

Yen Panguwasa

YEN PANGUWASA

Yen panguwasa rumangsa kuwasa

Aja diarep-arep

Rakyat urip mulya

 

Yen panguwasa rumangsa kuwasa

Rakyat mung kaya barang

Esuk didugang awan ditendhang

 

Yen panguwasa mung mikir arta

Rakyat mung kaya watu lan bata

diedol menyang manca

 dithuthuki ing kana-kana

remuk jinereng ing dalan-dalan

diidakidak-idak, dipenyak-penyak

 

Kaya bata

ditugel-tugel, diremuk, ditumpuk ing ara-ara

banjur dikon nyangga dhewe

nasib sangsara

Omah Geguritan, 14 Ramadan 1445 H/24 Maret 2024

eSWe Sidi, Sastarawan Jawa, Ketua MPI PCM Sewon Selatan

Bionarasi Penulis :

eSWe Sidi, Guru Bahasa Indonesia SMK lan kepala sekolah ing sawijining SMKN ing Bantul. Nulis ing majalah basa Jawa Djaka Lodang wiwit tahun 1988 tekan saiki. Tulisane arupa geguritan, cerkak, pawarta, jagading lelembut, mimbar agama, oh lelakon, kawruh sapala, teori sastra, pengalamanku, wacan bocah,lsp. Buku-buku crita bocah wus kacithak dening Balai Bahasa Yogyakarta.Karyane  uga bisa tinemu ing eswesidi.my.id , eswesidijawa.blogspot.com, eswesidi you tube. Antologi sastra mandiri wus kasil kacithak cacah telu.

 

Comment

Your email address will not be published

There are no comments here yet
Be the first to comment here